Web Toolbar by Wibiya
Berita Terbaru :

Ilmu tauhid

ILMU TAUHID
Ilmu tauhid Inggih meniko ilmu ingkang bicoro dateng tetegipun ‘aqoid mawi dalil** inkang leres lan sah.
Wujudipun perkados lan mantepipun manah dateng pangeran kanthi kiat mawi dasar dalil** ingkang leres lan sohih,meniko dipun wastani Iman.
Dados iman meniko pendamelanipun manah utawi pendamelan batin.tiang ingkang iman meniko dipun wastani mukmin.lajeng tiyang ingkang boten iman dipun wastani Kafir.


PAIDAHIPUN SINAU TAUHID
Paidahipun sinau ‘ilmu tauhid meniko; supados gadah kemantepan Ingkang kiat sohonyumerepi sifat**ipun pangeran lan poro rosul kanti dalil** ingkang leres lan sah.
Ingkang akhiripun supados saget pikantuk kawilujengan dunyo lan ahirat.


HUKUMIPUN SINAU TAUHID
Hukumipun sinau ‘ilmu tauhid meniko fardhu’ain.dados saben**tiyang meniko kedah lan wajib sinau ‘ilmu tauhid,supados gadah kemanepan ingkang kiat boten gampil dipun bujuk dening syaiton.ugi boten gampil dipun sasaraken.


DALIL TAUHID
Dalil ingkang tetekaken manah ngantos saget perkados,meniko wonten kalih:
1.Dalil Naqli : tegesipun dalil ingkang dipun pundhut saking ayat** Qur’an lan
hadis** Nabi;
2.Dalil Aqli : tegesipun dalil ingkang medal saking akal fikiran ingkang sahih,

Sedoyo piwucalan agami islam.meniko tentu cocok kalian akal pikiranipun manungso.dene meniko wonten ingkang dipun raos boten cocok saged dumugi lan boten kiat.